Senin, 27 Agustus 2012

Pidato Basa Jawa

ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU SEPEKAN BAYI
“Assalamu’alaikum wr. wb”
Nuwun!
Para pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu. Saha para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat ingaosan!
Saderemgipun nyuwun pangapunten ingkang agung, awit kula jumeneng wontn ngarsanipun panjenengan sami, boten nami ngirangi tata trapsila, ananging ngengeti kawontenan ingkang mekatten. Kula nun, kaparengan sumela atur, nggempil kamardika panjengengan sekalina kalanipun saweg sekeco wawan pangandikan.
Kula minangka tetalanging tanggap wacana kalilana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung sumawan putri, bilih saking keparengipun Bp. …………….. sekaliyan, kulo tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging manah.
Langkung rumiyin Bp. …………….. sekaliyan mocap puji suku dating ngarsanipun Pangeran ingkang murbeng dumadi, dene saged kaleksanan angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan putranipun ingkang angka ……………
Kaping kalihipun Bp. …………….. sarimbit mboten kesupen ngaturaken pambagyan sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawama putri. Bp. …………….. sekaliyan ngaturaken gunging panuwuningkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan sami sampun kepareng nglonggaraken wekdal saha panggalih saged aowan ing pahargyan punika kanti lega-legawaning manah. Bp. …………….. sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresni ingkang sakalangkung ngadadosaken bombing bebeg bingahing manah.
Kejawi punika Bp. …………….. sekaliyan ngaturaken sewi gunging punuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya arupi panupa paring sumbangsih kedarman ingkang pisungsung ingkang maneka warni, ingkang tundhonipun damel ngengrengsaha regenging pasumuan sarta cekaping keperluan punika. Ingkang mekaten mugi-mugi Gusti ungkang Maha Angung paring pinwales ingkang sakmuwatipun.
Wondene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika, rikala dinten ……… wulan …………… tahun………….. utawi surya kaping ……………, tahun …………., Bapak saha Ibu ………………., angsal kanugraganing Pangeran pikantuk pura ingkang mijil …………, wonten ing griya sakit…………………., kanti wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.
Awit berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi tansah wilujeng ni ing sambekala sumrambah sagung para rawuh.
Putra ingkang angka……………, punika dengan Bp. …………….. sekaliyan dipun paringin tetengger “………………………” ewandene Bp. …………….. sekaliyan taksih ngreshi nyuwun gunngan tumrap tambahing puja-puji pangastuti, mugi-mugi  putra ingkang nembe mijil punika pinaringan berkah pangestuning Pangeran saged urakapi dumateng tiyangseouhipun saged mikul duwur nebdhem jero. Sged migunani dhateng masyarakat bebrayan, murakabi tumrap pembangunan ingatasipun nusa lan bangsa, saha agamim lajeng, saged dados pendekaring bangsa.
Tumapaking pawiwahan punika saderengipun smpun karantam tharik-tharik, ewandene taksih kathah tunadungkaping tumindaj, langkung-langkung tumrap atur pamboja karma sarta kiranging pangrengkuh anggaenipun mapanaken, kajarag wontenipun papan saha kirang trepsilanipun anggenipun mapanaken.
Ingkang makaten wau Bp. …………….. sekaliyan boten saged matur sanes kajawi muhung lumunturing sih samodra pangaksama.
Wasana minangka tutuping atur, mbok menawi wonten thithaling rembag saha kirang trepsilaning anggen kula matur awit kiranging sesereoan kula, sarta kirang titi tata patitising atur tetembungan, jenang sela, selakang pindha ancala, apurna mugi cinandhi ing salama-lama
Wassalamu’alaikum wr.wb
Matur nuwun!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar